ini lho sob,, contoh artikel pidato berbakti kepada orang tua (dalam bahasa Jawa)
walaupun singkat,, semoga beranfaat.... :)
BHEKTI DUMATENG TIYANG SEPUH
Assalamu’alaikumWr. Wb.
*Dewan juri ingkang kaula hurmati
*Saha rencang-rencang ingkang kaula tresnani
Mangga ing enjang menika kita sareng-sareng muji syukur wonten ing dalem
Allah SWT.Ingkang sampun maringi dumateng kita sedaya kenikmatan arupi nikmat islam,iman lan kesehatan sehingga kita saget pinanggih wonten ing majlis ingkang mubarak menika.
Salawat saha salam tansah kita aturaken dumateng junjungan kita Nabiyullah
Muhammad SAW. Mugi-mugi kita sedaya tansah pikantuk syafaatipun Amin…..
Hadirin igkang kaula hurmati,
Wonten ing mriki kaula badhe ngaturaken khitabah kanthijudul: ”Bhekti dumateng tiyang sepuh”
Milai lahir ngantos sakmenika kita tansah dididik lan diasuh dateng tiyangsepuh.
Kita tansah dipundidik kanti tresna lan asih,pramila kita wajib ngabekti dateng tiangsepuh.
Kados firmanipun gusti Allah wonten ing surat Al-isra’ ayat 23, inggih menika:
وقضى ربّك الاّتعبدالآّاياّه وبِاالوالدين احسنًا
Ingkang artasipun:
“lan gusti Allah sampun mrentahaken supados manungsa ampun nyembah dateng sanesipun gusti Allah lan supados ngabekti dumateng tiyangsepuh kanti saksae-saenipun.”
Kanti ayat meniko kito dipunperintahaken
Allah SWT, supados ngabekti dumateng tiyangsepuh kekalih, Cara-caranipun ngabekti dumateng tiyang sepuh inggih menika:
-setunggal,
tansah midangetaken nasihatipun,
-kapingkalih,
dereaken sedaya utusanipun ingkang sae,
-kapingtiga, Derek biantu pendamelanipun,
-kapingsekawan,mujiaken ,lan nyuwunaken pangapunten sedoyo kalepatanipun dateng tiyangsepuh langkung-langkung ingkang sampun sedo kanti do’a.
Mekaten ingkang saget kaula aturaken,mugi-mugi kita sedaya dados putra-putri ingkang sholeh lan sholikhah,ingkang tansah bekti dumateng tiyangsepuh.
Amin…..
Mekaten ingkang saget kaula aturaken sedaya kalepatan kaula nyuwun punpangapunten
WassalamualaikumWr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar